KHUTBAH JUM'AT BASA JAWA : " FAEDAH SIYAM 6 DINTEN SAKING SYAWAL "

 on Jumat, 16 Agustus 2013  



FAEDAH SIYAM 6 DINTEN SAKING SYAWAL

إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.

يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا

يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ ...

فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ.

Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,
Minangka purwakaning atur keparenga kula ngakjak dateng awak kula lan panjenengan sedaya, mangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestok aken dawuh dawuhipun , lan nebihi sedaya awisanipun, Inggih namung kanti taqwa dumateng Allah punika kita bade kaparingan margi gampil saking sedaya urusan kita. Kados dawuhipun :
ومـن يتـق الله  يـجـعـل لـه مـن أمــره يـســرا
 “Sing sapa wonge taqwa marang Allah, Mangka Allah bakal ndadekakegampang sangka urusane wong mau”
(QS. At Thalaq: 4).
 para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah
Sak sampunipun kita saged ngraosaken wontenipun manfaat saking shiyam Ramadhan, pramila salah satunggaling kewajiban ingkang taksih kedah kita lampahi injih punika nglaksanakaken lan ngembangaken hikmah-hikmah ingkang terkandung wonten ing sak lebeting Ramadhan; sak hingga atsar utawi kesan ingkang sampun dipun tilaraken dening wulan Ramadhan, sageta mbeta hasil ingkang nyata, arupi tambah sae lan kiatipun mutu lan kualitas keimanan lan keislaman kita.

Jama’ah shalat jum’at ingkang minulyo,

Wulan Ramadhan sampun kito tilaraken, sak meniko kito sampun mlebet dateng wulan syawal. Wulan Syawal saklebetipun wonten ibadah ingkang utami inggih puniko siyam enem dinten saking wulan syawal.
Punopo kemawon faedah saking siyam syawal ? meniko ingkang bade kito aturaken.
Faedah sepindah : siyam syawal bade genepaken ganjaran siyam setunggal tahun penuh.
Nabi Muhammad Shalallohu ‘alaihi wasallam paring sabdo:
عَنْ أَبِي أَيُّوبَ الْأَنْصَارِيِّ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُ أَنَّهُ حَدَّثَهُ
أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَنْ صَامَ رَمَضَانَ ثُمَّ أَتْبَعَهُ سِتًّا مِنْ شَوَّالٍ كَانَ كَصِيَامِ الدَّهْرِ

“ sopo wonge kang poso Ramadhan banjur poso enem dino soko wulan  syawal, saktemene dewekke poso koyo setahun penuh”(HR. Muslim)

Para alim ulama paring pitedah bilih siyam kados siyam setahun pe nuh asalipun awit saben kesaenan semisal kalian sedoso kesaenan semisal.
Dene toto coronipun anggen kito nindak aken siyam syawal inggih puniko:
Dipun tindakkaken 6 dinten saking wulan syawal, langkung utamai saksampunipun dinten riyoyo utawi saksampunipun tanggal 1 syawal ananging ugi saget diakhiraken. Ingkang penting taksih wulan syawal.
Usahaken ingkang kedah dipun rumiyinaken qodho’ siyam/ mbayar utang siyam ramadhan sopados angsal ganjaran setunggal tahun penuh. Awit qodho’ siyam/ ganti siyam ramadhan ingkng ditilaraken meniko wajib hukumipun. Menawi wonten kaleh ibadah wajib lan sunnah ingkang dipun tindakkaken sepindah ibadah wajib lajeng ibadah sunnah.

Faedah kaping kalih : Nindakaken siyam syawal dados pratondo dipun tampi amalan siyam wonten ing wulan ramadhan  
Menawi Allah nampi amalan salah satunggaling hamba, Allah bade paring hidayah/petunjuk amal shaleh lintunipun. Menawi Allah nampi amalan siyam Ramadhan, pramilo Allah bade paring petunjuk  supados hambanipun nindakaken amal soleh lintunipun kados siyam syawal.

Kados ngendikanipun Ibnu Rajab:
“ Balasan soko amal kebecikan yoiku amal kabecikan sakteruse. Sopo wonge kang nindakake kebecikan banjur nindakake kebecikan liyane maneh, iku pratondo diterimone amalan kang awal.

Jama’ah shalat jum’at ingkang minulyo,

Faedah kaping tigo : nindakaken siyam syawal dados bentuk syukur kito dateng Allah.
Nikmat punopo ing kito syukuri?
Inggih puniko nikmat ampunan saking kalepatan dosa ingkah katah sanget ing wulan ramadhan.
Sahimggo bentuk syukur kedah kito wujudtaken kanti kito nindakkaken amal soleh/ amal kasaenan kados siyam syawal.

Jama’ah shalat jum’at ingkang minulyo,

Faedah kaping sekawan : tiyang ingkang nindakaken siyam syawal dados pratondo bilih ibadahipun  meniko kontinue/istiqomah mboten musiman.
Amalan ibadah saklebetipun ramadhan mboten terhenti saksampunipun ramahan nilaraken kito. ananging kedah dipun lestantonaken dipun lajengaken terus ngantos akhir hayat.


أَقُوْلُ قَوْلِي هَذا أَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ



Khutbah 2

إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

Jama’ah shalat jum’at ingkang minulyo,

Wulan Ramadhan sampun nilaraken kito, sak lajengipun ibadah kesaenan inkang sampun kito tindakaken sak lebetipun ramadhan monggo kito lajengaken ampun ngantos kito tilaraken. Shalat 5 wekdal ampun ngantos ditinggalaken, kito tingkataken waosan Al Quran, shalat tahajud, shalat jama’ah kito lan ibadah sanesipun.

Mugi Allah paring rahmat lan hidayahipun dateng kito supados saget istiqomah wonten margi ingkang haq. Lan mugi Allah nampi ibadah ingkang sampun kito tindakkaken, mugi-mugi Allah nglebetaken kito sedoyo dateng surga firdaus. Aamiin


اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ.
رَبّنَا لاَتُؤَاخِذْ نَا إِنْ نَسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبّنَا وَلاَ تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلََى اّلذِيْنَ مِنْ قَبْلِنَا رَبّنَا وَلاَ تًحَمّلْنَا مَالاَ طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلاَنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.
رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ. والحمد لله رب العالمين.
وصلى الله على نبينا محمد وعلى أله وصحبه ومن تبعهم بإحسان إلى يوم الدين وآخر دعوانا أن الحمد لله رب العالمين.


Daftar Pustaka
Al-Quran digital
Maktabah syamilah
Muslim.or.id
KHUTBAH JUM'AT BASA JAWA : " FAEDAH SIYAM 6 DINTEN SAKING SYAWAL " 4.5 5 Semangat Belajar Jumat, 16 Agustus 2013 FAEDAH SIYAM 6 DINTEN SAKING SYAWAL إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِالله...


1 komentar:

  1. Matur nuwun seratan kutbahipun, menawi kepareng kawulo bade download

    BalasHapus

Copyright © Semangat Belajar. All Rights Reserved.Theme by CB Design