KHUTBAH JUM'AT BASA JAWA " Anggayuh Kabegjan Fi ad-Dunya wa al-Akhirat

 on Jumat, 31 Agustus 2012  


Anggayuh Kabegjan Fi ad-Dunya wa al-Akhirat

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأََرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
أَمَّا بَعْدُ
فَإِنَّ خَيْرَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللَّهِ, وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ, وَشَرَّ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا, وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ, وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ, وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ
Mangga para sedherek kita ngaturaken taqwa lan syukur ing ngarsaning Allah SWT. Ingkang sampun maringi kanikmatan, kesenengan, rizki, lan panggesangan datèng kawulanipun sahingga kanthi rahmating Allah ugi kita sedaya tetep wonten ing salebeting iman lan Islam.Mugi rahmat saha salam kaparingna dateng panutan kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun kautus dening Allah supados nuntun umat manungsa nuju dateng margi ingkang leres.Mugi-mugi kita sedaya kagolong ewoning para Muttaqin ingkang estu-estu taqwa dateng Allah tansah nindakaken dhawuhing Allah sarta nebihi awisanipun.       Mangga kita sami tansah berjuang lan beramal kados dene ingkang sampun kagarisaken dening Allah SWT wonten syare’at agami Islam.Sampun ngantos tumindak kita wonten ingkang nyimpang saking tuntunan agami ingkang suci supados gesang kita pikantuk rahmat sarta pangayomaning Allah SWT, wilujeng tentrem lan manggih kabegjan fid dun yaw al akhirah.Sampun dipun sebataken wonten ing Al Qur’an :
أَلَا إِنَّ أَوْلِيَاءَ اللَّهِ لَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُون
Ingkang jawinipun : “Elinga, satemene wong-wong kang dikasihi dening Allah iku ora ana rasa kuwatir tumrape wong-wong mau lan ora sedhih.”( Q.S. Yunus : 62)
Para sedherek hadlirin ingkang minulya.Manawi kita setitekaken kawontenan gesangipun manungsa ing donya punika kenging kita umpamakaken kados dene tiyang kekesahan ingkang tebih nyabrang seganten ingkang kebak ombak nuju dateng pantai bahagia ingkang dipun idham-idhamaken , wonten ing margi wonten prahara lan angin ageng ingkang nggegirisi, sahingga manawi musafir kala wau boten ngatos-atos mesthi praunipun badhe kandhas lan kerem wonten ing tengahing samodro pungkasanipun boten saged dumugi tujuan ingkang dipun idam-idamaken.  Mila, jalaran manungsa punika inggih naming manungsa boten aneh manawi kathah idaman-idamanipun manungsa ingkang boten saged kadumugen boten sedaya ingkang dipun kajengaken dening manungsa mesthi kaleksanan boten sedaya ikhtiyaring manungsa ugi mesthi kasil.
Punapa sebabipun para sedherek. Inggih jalaran sak inggiling manungsa taksih wonten dzat ingkang kuwaos ingkang nemtokaken sedaya samukawis ing donya punika, inggih punika Allah SWT. Jalaran miturut ajaran Islam donya punika wonten ing panguwaosipun Allah manungsa boten saged uwal saking panguwaosing Allah SWT.Awit saking punika para sedherek. Kanthi perjuanganing munungsa, manungsa dipun wajibaken dening agami ikhtiyar nebihi kejahatan lan kemungkaran. Sampun ngantos manungsa nekat anglampahi bab-bab ingkang boten sae jalaran ingkang makaten punika boten cocok kaliyan fitrahing manungsa.Para sedherek ingkang minulya. Manungsa kepengin pinter kedah berjuang ngupados ngelmu, kepingin sandhang tedha kedah ngetog kekiyatan ngupados sandhang tedha kanthi margi ingkang halal boten kenging ngalamun namung ngajeng-ajeng dhawahing emas saking langit.Jalaran saestunipun langit boten badhe jawah emas lan perak. Para sedherek dipun sebataken wonten ing Al Qur’an :
فَإِذَا قُضِيَتِ الصَّلَاةُ فَانْتَشِرُوا فِي الْأَرْضِ وَابْتَغُوا مِنْ فَضْلِ اللَّهِ وَاذْكُرُوا اللَّهَ كَثِيرًا لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ[10]
            Ingkang jawinipun : “Samangsa wis rampung shalat mula banjur padha sumebara kowe kabeh ana ing bumi lan padha goleka anugerah rizkining Allah lank owe kabeh akeh anggone eling marang Allah SWT. supaya kowe kabeh oleh kabegjan.” (Q.S. Al Jumu’ah )
          إِنَّ اللَّهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوْمٍ حَتَّىٰ يُغَيِّرُوا مَا بِأَنْفُسِهِمْ ۗ
Ingkang jawinipun : “Satemene Allah ora bakal ngowahi apa kang disandhang dening sawijining kaum sahingga kaum mau ngreka daya ngrobah apa kang wis di alami mau.” (Q.S. Al Ro’du :11)
Wal hasil para sedherek. Manungsa dipun wajibaken ikhtiyar wonten ing ikhtiyar para manungsa samiya tansah enget dateng Allah SWTtegesipun enget bilih “Boten wonten ingkang saged ngalang-ngalangi punapa ingkang paduka paringaken, lan boten wonten ingkang saged maringi punapa ingkang paduka alang-alangi”.
 Sedaya naming gumantung Allah piyambak. Manawi usahaning manungsa punika saged kadumugen punika hakekatipun saking keparengipun Pangeran, tegesipun atas kamirahaning Allah ugi. Sebab para sedherek, manawi Allah dereng marengaken kadumugen sedyanipun temtu boten saged kelampahan.
Kajawi punika para sedherek. Salebetipun ikhtiyar sampun ngantos wonten raos putus asa utawi nglokro saking rahmating Allah ingkang Maha Kuwaos.Manawi usaha kaping sepisan dereng kasil saged ugi usaha kita dereng trep mila sasaged-saged ngudiya usaha malih sebab sinten mangertos para sedherek manawi Allah sampun nakdiraken Insya Allah badhe Kabul jalaran Allah Maha Pengasih lan Penyayang.saksampunipun kito iktiyar ,kito kedah tawakkal lan do'a dumateng Alloh supados punopo ingkang kito karepakan saget kagayuh.
 Kasebat wonten ing salah satunggaling kitab, dipun terangaken ingkang maksudipun mekaten “Bilih kangge nggayuh Al Falah “ utawi kabegjan ingkang sejatos wonten ing donya lan akherat manungsa wonten ing gesangipun kedah nindakaken sewelas perkawis, inggih punika :
Satunggal. Manungsa samiya “zuhud” wonten ing donya sampun ngantos kapusan dening pambujuking kadonyan; mendhem kadonyan sahingga piyambakipun nyupekaken sedaya-sedayanipun, supe dating Allah SWT.
Nabi Muhammad SAW nate ngendika kasebat wonten Hadits Bukhari :

Jawinipun : “Manawa salah sawiji saka kowe kabeh weruh wong kang diluwihake dening Allah ana ing bab bandha lan pribadhine supaya enggal ndelenga marang wong kang sangisore.” (Bukhari)
Boten sanes inggih punika kanthi ningali dateng tiyang ingkang sangandhapipun punika, manungsa badhe tansah syukur dateng Allah SWT, jiwanipun badhe tentrem dipun tebihaken saking sifat kethawa lan tamak.
Kalih. Manungsa samiya rajin ngibadah sarta maos Al Qur’an kanthi ngangen-angen maknanipun lajeng dipun lampahi. Sebab pancen saestunipun Al Qur’an estu-estu dados pitedah tumrap tiyang ingkang taqwa dating Allah SWT.
Tiga. Sekedhik pangandikanipun wonten prekawis ingkang boten perlu,  boten pantes, lan boten sopan.
Sekawan. Nebihi saking bab-bab ingkang haram lan syubhat sahingga perkawis ingkang dereng terang halal lan haramipun sae dipun tebihi supados badhanipun resik saking dosa.
Gangsal. Nindakaken shalat gangsal wekdal kanthi khusyu’ sebab shalat ingkang khusyu’ saged ngiyataken jiwa lan nebihaken manungsa saking tumindak kemungkaran.
Enem. Anggadhahana budi pekerti luhur remen srawung kaliyan tiyang-tiyang ingkang saleh jalaran piyambakipun kepengin ugi dados tiyang saleh.
Pitu. Tangkepipun sopan lan andhap asor boten nate ngumukaken sarira sedaya sedayanipun sarwa bares sederhana.
8. Kebak raos katresnan (mahabbah) dating sesamining mukmin boten remen paben lan memengsahan.
9.      Berjuang kanthi saestu ingkang supados gesangipun migunani dating sedoyo kemawon
  10. Mangertosi kanthi saestu lan yakin dating wontenipun pejah ngathah-ngathahaken ngamal ingkang badhe kabekta sowan ngadhep wonten ing ngarsaning Allah Akhiripun pejahipun wonten ing “Husnul Khotimah” pejah ingkang sae,pungkasan ingkang sae.
Insya Allah kanthi makaten manungsa enggal saged wangsul dating margi ingkang leres nyingkiri perkawis ingkang boten sae lan mangga kita nyuwun wonten ngarsaning Allah SWT mugi-mugi gesang kita dipun jembaraken dening Allah SWT saget ngamalaken tuntunan agami kanthi sasae-saenipun mugi-mugi gesang kita manfaat maslahat fid dun ya wal akhirah. 
 أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم.

KHUTBAH 2
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
ing khutbah kaping kalih meniko monggo kito nyuwun dumateng Allah mugi kito saget nindakaken ketaatan ibadah ing wulan ramadhan ngantos akhir, amiin
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ. يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا 
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ  وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ  وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ
  إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ 
وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
 
اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ  أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ إِلَيْهَا مَعَادُنُا
وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلّ خَيْرٍ وَالْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَأَعِدْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ هَذَا الْيَوْمِ

رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنَا وَبَنِيْنَا أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

KHUTBAH JUM'AT BASA JAWA " Anggayuh Kabegjan Fi ad-Dunya wa al-Akhirat 4.5 5 Semangat Belajar Jumat, 31 Agustus 2012 Anggayuh Kabegjan Fi ad-Dunya wa al-Akhirat إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِالل...


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Copyright © Semangat Belajar. All Rights Reserved.Theme by CB Design