KHUTBAH IDUL ADHA 1434 H : “GENERASI PENERUS KANG TANGGUH”

 on Senin, 14 Oktober 2013  



“GENERASI PENERUS KANG TANGGUH”

https://encrypted-tbn2.gstatic.com/images?q=tbn:ANd9GcSImTJoT4NCBVT4U6f8SP13wsuUnvy-Kxbcz-8V8NhGyircoiCUxg

إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا

يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ ...

فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ.
Para sederek Kaum Muslimin  Muslimat, Rahimakumullah.
Minangka purwakaning atur mangga kita sesarengan muji syukur dateng ngarsa dalem Allah, awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpa kawical wical, langkung langkung rahmat kawilujengan lan yuswa panjang dateng kita sedaya , sahingga enjang punika kita tasih saget menangi malih dinten riyaya Iedul Adha, lan saget makempal ing papan punika kanti tanpa manggihi rubeda satunggal punapa.

Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman,  kanthi tansah  nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan  dunya ngantos akhirat saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala ,  Kados dawuhipun Allah :
إِنَّ اللَّهَ مَعَ الَّذِينَ اتَّقَوْا وَالَّذِينَ هُمْ مُحْسِنُونَ
"Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe becik” . (QS. An Nahl :128).

Perkawes agung sanget ingkang ndadosaken kito slamet saking Adzab neroko inggih puniko perkawis tauhid, keimanan ingkang leres jumbuh kalian maknanipun. Kalimat thayibah “lailaha illallah”, netepaken bilih mboten wonten sesembahan ingkang leres dipun ibadahai kejawi namung Allah subhanahu wata’ala
اَللهُ أَكْبَرْ، اَللهُ أَكْبَرْ،  اَللهُ أَكْبَرْ، لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرْ
Para sederek Kaum Muslimin  Muslimat, Rahimakumullah
Wonten ing dinten punika tanggal 10 Dzulhijjah, sedaya jamaah haji  sami kempal ing bumi Mina, kempal jutaan kaum muslimin muslimat, jaler estri, enem sepuh,  ageng alit, saking pundi-pundi nagari, wonten ingkang mlampah suku, wonten ingkang nitih kendaraan, wonten ingkang nyabrang seganten lan wonten ingkang miber ngambah nggegana, wonten ingkang bidal sak keluarganipun lan wonten ingkang badan sepata, lan nilaraken keluarganipun, sarana rekaos lan awrat saget dumugi ing tanah suci Makkah, wusananipun sedaya makempal manunggal dados setunggal ing bumi suci Makkah, tanpa mbentenaken ras lan warnining pakulitan, suku bangsa tuwin basa, pejabat utawi rakyat. Sedayanipun  sami drajadipun wonten ngarsanipun Allah, minangka kawula, sedaya kedah angrasuk busana sarwa seta. Kalimat talbiyah “Labaikallohumma labaik” menggema ing bumi tanah suci tumrap tiang haji. Sedaya sami siaga nuhoni timbalan dalem Allah Ta’ala. sedaya punika mertandani, bilih sedaya manungsa anggadahi hak ingkang sami, sedaya minangka kawula, pundi ingkang langkung taqwa punika ingkang langkung mulya menggahipun Allah Ta’ala.

اَللهُ أَكْبَرْ، اَللهُ أَكْبَرْ،  اَللهُ أَكْبَرْ، لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرْ
Mekaten ugi kita sedaya ing enjang punika, sami bidalan nilaraken dalem papan dunung kita, sami kempal ing papan punika, semanten katahipun, kanti mboten sarana dipun kerahaken, mboten dipun ongkosi, lan mboten wonten seja kerana pados kauntungan dunya. Namung semata-mata nuhoni timbalan saha murih ridlanipun Allah Ta’ala. Minangka nglahiraken tanda syukur kita, dumateng nikmat kanugerahan saha rahmat peparingipun Allah dateng kita sedaya. Jalaran Allah sampun paring dawuh dateng kita :
إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَر*  فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ *
إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الأَبْتَر *
 “Temen sejatine Ingsun Allah wis paring marang sira, nikmat kebecikan kang akeh, mula sira nindakna shalat kerana Pangeranira, lan sira nyembeliha qurban, saktemene wong kang gething ing sira iku wong kang cures”.(Al Kautsar 1-3)

Nikmat kanugerahannipun Allah dateng kita punika katah sanget, tentu kita mboten bade sanggup ngetang nikmat Allah, mila sampun sak mestinipun kita Syukur dumateng Allah kanti nindakaken dawuh lan perintahipun, kados nindakaken shalat lan ngleksanaaken ibadah korban kagem tiyang ingkang mampu, kados ingkang kacon-tokaken dening Nabiyullah Ibrahim Alaihis salam. Pangorbanan ageng saking Nabiyullah Ibrahim Alaihis salam kados ingkang kasebat ing Al-Qur’an, punika mboten namung sekedar minangka sejarah lan carios kemawon, ananging dados dasar syari’at ibadah korban, saha tulada tumrap kita sedaya. Nalika panjenenganipun pinaringan pacoben dening Allah, supados nyembelih putranipun inggih Nabi Ismail Alaihis salam, dawuh kasebat katampi kanti sabar  lan ridla, saha katindakaken kanthi ikhlas murih karidlan saking ngarsa dalem Allah.

            Ing riyaya ‘idhul adha puniko monggo kito ndadosaken pelajaran pribadinipun Nabi Ibrahim ‘alahis salam lan putronipun Nabi Isma’il ‘alahi wasalam, ingkang temen jejeg anggenipun ninda,aken tauhid, ngawisi kesyirikan, trisno dumateng ketaatan nilaraken  tumindak kekufuran. Nabiyullah Ibrhahim ‘alahis salam saestu nggadhahi kesabaran ingkang kuat anggenipun nampi ujian saking Allah ta’ala, sahinggo panjenenganipun dadhos penegak tauhid murni manembah dhumateng Allah ‘azza wajalla. Menawi kito saestu anggen kito gatosaken kisahipun Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail, pramilo kito bade saget mendet poin-poin ingkang saget kito amalaken sahinggo kito saget ngawujudtaken “Generasi Muslim Ingkang Kiat”.

Ing jaman kito meniko sampun katah gerakan-gerakan saking musuh-musuh islam ingkang tujuanipun ngrisak generasi umat islam sahingga umat islam tebeh saking agami islam. Sasaranipun inggih puniko kaum remaja/generasi muda. Sahinggo kito kedah gatosaken faktor-faktor/ punopo kemawon ingkang saget dadosaken ken putro wayah dados “Generasi penerus Ingkang kiat”
1.      Kiat lan jejeg iman sarto nindakaken amal shaleh kanti nuladani Nabi Muhammad shalallohu ‘alaihi wasallam.
Iman meniko dados landasanipun, tiang ingkang imanipun kiat bade inggil derajatipun ing sisinipun Allah. Kito tebehaken saking keragu-raguan, kito kedah mantebpaken kualitas keimanan kito. Iman dateng Allah, Malikat-malikatipun, Kitab-kitab suci, Nabi saha Rasulipun, Iman dateng dinten akhir, lan Taqdir. Meniko kedah manteb. Menawi kito sampun kiat lan jejeg imanipun kito bade dados pribadi muslim ingang kiat. Ananging iman kemawon mboten cekap kedah dipun tambah kalian  nindakaken amal shaleh. Iman saget tambah kiat kanti nindakaken amal shaleh, lan iman bade kurang menawi nindakaken maksiat.
Firmanipun Allah:
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَىٰ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً ۖ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ

Ayat meniko nedahaken bilih tiyang ingkang iman lan nindaaken amal shaleh bade pinaringan panggesangan ingkah thayyibah(sae) lan bade dipun bales kalian balasan ingkang langkung sae.
2.      Remen kalian ilmu
Supados pribadi kito kiat kedah remen pados ilmu, semangat belajar. Putro putri bapak ibu kedah dipun bekali ilmu pengetahuan, dipun gatosaken pendidikanipun utaminipun inggih pendidikan Agami. Pendidikan agami meniko landasan pendidikan lintunipun,saget mbentuk karakter lan ugi ingkang saget ngendalekaken tindak lampahipun sak mangke. Menawi kito gatosaken kenyataan jaman puniko sampun katah kejahatan, pencurian, perampokan, kaum muda tawuran, korupsi,pergaulan bebas lan lintunipun meniko sebabipun inggih puniko tebeh saking pendidikan Agami lan pengamalanipun, keporo mboten pernah angsal pitedah agami. Tiang ingkang pinaringan kesaenan saking Allah tondonipun inggih puniko difahamaken urusan Agami, kados sabdanipun Nabi Muhammad shalallohu ‘alaihi wasallam:
مَنْ يُرِدِ اللهُ بِهِ خَيْرًا يُفَقِّهْهُ فِي الدِّيْنِ
(Hadits shahih: Diriwayatkan oleh Ahmad (I/306, II/234, IV/92, 95, 96), al-Bukhari (no. 71, 3116, 7312), dan Muslim (no. 1037), dari Shahabat Mu’awiyah bin Abi Sufyan radhiyallaahu ‘anhuma.)
3.      Tansah nindakaken shalat gangsal wekdal tepat waktu
Generasi ingkang kiat saget dipun tingali saking anggenipun nindakaken shalat, menawi tansah jagi shalat gangsal wekdal tepat waktu meniko dados gambaran bilih tiang kolo wau gadahi kedisiplinan ingkang kiat ing saben tindak lampahipun. Kados wonten potongan hadits: sahabat tanglet dateng Rasululloh babakan amal paling afdhal
أَيُّ اْلأَعْمَالِ أَفْضَلُ؟ قَالَ: (اَلصَّلاَةُ عَلىَ وَقْتِهَا(
4.      Gadahi Akhlaq terpuji, mboten damel cecongkrahan
5.      Sabar ngadepi musibah/pacoben, musibah meniko ujian menawi kito sabar kito bade dados tiang ingkang kiat lajeng balesan kesaenan saking Allah.
6.      Tekun, semangat ing kesaenan
Supados gadahi kepribadian ingkang kiat kito tingkataken ketekunan lan semangat kito ing dalem kesaenan. Tansah semangat nindakaken aktivitas ingkang paring manfaat kagem panggesangan kito wonten dunyo luwih-luwih kagem kampung akhirat kito. Menawi wonten kesempatan kagem nindakaken kesaenan ampun ngantos dipun tunda awit kito mboten mangertosi punopo sakmangke kito taksih gesang lan ugi ampun ngantos supe tansah nyuwun dateng Allah sarto ampun ngantos nindakaken punopo ingkang dipun awisi agami.
7.      Setio tuhu dateng tiyang sepuh dalem kesaenan, nebihi tumindak engkang awon sahingga dados anak ingkang shaleh. Anak shaleh meniko paring manfaat dateng tiyang sepuh ngantos sakmangke ing akherat.
8.      Remen kumpul dateng tiang shaleh
Remen makempal dateng tiang shaleh bade paring manfaat ingkang ageng, batos kraos tentrem lan saget termotivasi kagem nindakkaken kesaenan.
9.      Gadahi prinsip kesaenan ingkang kiat
Menawi kito gadahi prinsip kesaenan ingkang kiat kito bade mboten gampil dipun omabang ambengaken keadaan. Mboten kados “air diatas daun talas”.
10.  Manfaataken wekdal kagem kesaenan.
Meniko ingkang saget kito aturaken babakan faktor utawi hal-hal ingkang saget dadosaken Generasi muda/generasi penerus dados generasi ingkang kiat mboten gampil dipun kuasai musuh-musuh islam. Lan taksih katah sanget malih ingkang mboten saget kito aturaken ing wekdal puniko.

Ma’asyirol muslimin rohimani warohimakumullah
Saestukito kedhah ngendaleaken pergaulan poro putro ampun ngantos bergaul kaliyan tiyang-tiyang ingkang awon agaminipun. Kalebet ugi pengaruh saking meneko warno tontonan ingkang ngrisak agami, kadhos dene televisi ingkang nyiaraken tayangan ngeblingeraken masyarakat kanti aqidah ingkang risak, lan kanti akhlak ingkang awon. Kito ugi kedhah njagi poro putro kito saking waosan ingkang risak kados majalah-majalah pornografi, ramalan bintang. Mistik lan sakpanunggalanipun. Lan dumatheng poro sederek, mas-mas, mbak-mbak,kawulo mudo, adik-adik monggo kito sesarengan nyiptaken generasi muda ingkang kiat, ingkang dipun impi-impiaken tiang sepuh kito,monggo sami setio tuhu dateng tiang sepuh kados Nabi Ismail, kito tebihi sedoyo ingkang ngrisak masa depan kito kados: pergaulan bebas, narkotika,tawuran, perjudian, minum-minuman keras (miras), meniko kedah kito tebihi. Supados masa depan kito cerah lan cita-cita saget kito raih.

Akhiripun monggo sami doyo-doyo ngupoyo lan dedungo supados kito dados hamba Allah  ingkang sae, saestu nindakaken pitedhah syariat islam saking Al-Quran lan Al-Hadits, tebih saking bolo bencono ingkang nglunturaken iman, saha dipun gampilaken sedoyo urusan kito, dipun lebetaken dateng golongan ingkang pinaringan ridhonipun Allah. Amiin

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَكَفِّرْعَنَّا سَيِّئَاتِنَا وَتَوَفَّنَا مَعَ اْلأَبْرَارِ. رَبَّنَا لاَ تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَّسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا، رَبَّنَا وَلاَ تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِيْنَ مِن قَبْلِنَا، رَبَّنَا وَلاَ تُحَمِّلْنَا مَالاَ طَاقَةَ لَنَا بِهِ، وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنتَ مَوْلاَنَا فَانصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ بِأَنَّا نَشْهَدُ أَنَّكَ أَنْتَ اللهُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ يَا حَيُّ يَا قَيُّوْمُ يَا ذَاالْجَلاَلِ وَالإِكْرَامِ
 يَامُصَرِّفَ الْقُلُوْبِ صَرِّفْ قُلُوْبَنَا إِلَى طَاعَتِكَ اللَّهُمَّ يَامُقَلِّبَ الْقُلُوْبِ ثَبِّتْ قُلُوْبَنَا عَلَى دِيْنِكَ  
اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ  أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ إِلَيْهَا مَعَادُنُا
وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلّ خَيْرٍ وَالْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَأَعِدْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ هَذَا الْيَوْمِ

رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنَا وَبَنِيْنَا أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ


Semin, 15 oktober 2013 M
Semin, 10 dzulhijah 1434 H

Khutbah jawa El-Asnawy
 Print Friendly and PDF
KHUTBAH IDUL ADHA 1434 H : “GENERASI PENERUS KANG TANGGUH” 4.5 5 Semangat Belajar Senin, 14 Oktober 2013 “GENERASI PENERUS KANG TANGGUH” إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُر...


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Copyright © Semangat Belajar. All Rights Reserved.Theme by CB Design