KHUTBAH JUMAT BASA JAWA : " TAMU AGUNG "

 on Senin, 09 Juni 2014  



 إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا،
 أَمّا بَعْدُ 
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Mangga tansah samiya netepi taqwa lan ta’at dateng ngarsa Dalem Allah kanti ambudi daya amrih saget nindakaken sedaya dawuh lan printahipun, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, sarana tansah angrungkebi Iman lan Islam ing saklebetipun gesang punika, ngantos pejah netepana Iman lan Islam sahingga pungkasan kita pinaringan khusnul khatimah.
Kados dawuhipun Allah :
يَاأَيُّهاَ الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ

“He wong wong kang pada iman, Pada wediya sira kabeh ing  Allah kelawan sak nyatane wedi ing  Allah, lan aja mati temenan sira kabeh kejaba sira kabeh minangka wong Islam” .(QS. Ali Imran  102).
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Mboten dangu malih kita sampun bade lumebet ing wulan suci Ramadhan, sak mestinipun kita cawis cawis siaga kangge ngadepi kwajiban kita shiyam wajib menika. Sikap  mental lan manah kita mila kedah dipun siapaken, jalaran mboten sekedik umat Islam ingkang nampi kwajiban siyam Ramadhan punika kanti kepeksa. Ing mangka wusananipun tetep sami anggenipun nindakaken. Pramila mangga kita adepi wulan suci lan kwajiban punika kanti manah bingah saha ridla, siaga nindakaken kwajiban saking ngarsanipun Allah.
Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya,
Raos ing manah, saha sikap kangge ngadepi wulan Ramadlan menika sanget wigatos jalaran sambet kaliyan sifat tumrap satunggaling tiyang. Bade kalebet tiyang kados pundi tiyang menika, sanget gumantung dateng sikapipun nanggapi wulan Ramadlan. Amergi wulan menika sae kagem tiyang Mukmin, nanging tumrap tiyang sanes, kosok wangsulipun sanget sisah kadumugen wulan Ramadlan menika. Pramila ampun ngantos kita nyikapi wulan menika kanti raos ingkang mboten samestinipun turap tiyang Islam. Panjenengan ndalem Kanjeng Nabi Salallahu ‘alaihi wasallam. sampun paring dawuh :
مــا مـر بـالـمــسـلـمـيــن شـهـر خيـر لـهم مــنـه, ولا مــر بـالـمـنــافـقـيـن شـهـرشــر  لـهم مــنـه
“Ora ngliwati marang wong wong Islam sawijining wulan kang luwih becik katimbang wulan Ramadlan. Lan ora ngliwati marang wong wong munafiq sawijining wulan kang luwih ala  katimbang wulan Ramadlan”.
Miderek dawuh hadits menika wulan Ramadlan menika minangka wulan ing paling sae tumrap kita, nanging wulan ingkang paling awon tumrap tiyang tiyang munafiq, Pramila menawi tiyang kadumugen Ramadlan punika kok susah, menika nguwatosaken jalaran sikap ingkang mekaten sanes sifatipun tiyang Muslim, miderek dawuh Nabi kasebat. Rasululloh shallallahu ‘alaihi wa sallam sampun paring tulodha bilih Rasululloh paring kabar gembira dumuginipun Ramadhan. Rasululloh paring sabda,
جاءكم شهر رمضان, شهر رمضان شهر مبارك كتب الله عليكم صيامه فيه تفتح أبواب الجنان وتغلق فيه أبواب الجحيم… الحديث
“ Telah datang pada kalian bulan Ramadhan, wulan Ramadhan wulan kang diberkahi, Allah wajibake siro kabeh kanggo poso ing sasi iku. ing sasi iku dibukak pintu surga lan ditutup pintu neraka.….” (HR. Ahmad)

Para sederek,
Raos bingah lan remen menika kedah kita buktekaken kanti tata tata nyawisaken samu kawis kangge mulyaaken wulan Ramadlan . Pengadatan kita ing masyarakat sami ngleksanaaken persiapan kangge mangayubagya dumuginipun wulan Ramadlan ngantos malah ndamel pantia khusus kangge menika.
Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Semanten agung kanugrahan peparingipun Allah ingkang kaparingaken ing sak lebetipun wulan Ramadlan, tentu eman sanget tumrap tiyang mukmin menawi ngantos mboten nampi lan nanggapi kanugerahan ageng paringipun Allah menika. Dene menapa sebabipun Allah maringaken rahmat ingkang semanten katahipun, jalaran Allah nurunaken Al Qur'an ing sak lebetipun wulan Ramadhan, Kados dawuh :
شـهـر رمـضـان الـذي أنـزل فـيـه الـقــرأن هدى للــنـاس وبـيـنـات مـن الـهــدى والـفــرقــان
"Sasi Ramadhan iku, sasi kang den turanake Qur'an ing sak jerone sasi kuwi, minangka kanggo pituduhe para manungsa, lan kang mertelakake sangka dalaning pituduh, lan kang ambedakake antarane perkara kang hak lan bathil"

أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم..

Khutbah 2

اَلْحَمْدُ للهِ  اَلْحَمْدُ للهِ  الَّذِي عَلَّمَ بِالْقَلَمِ* وَأَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْـمَةِ اْلإِيْمَـانِ وَاْلإِسْـلاَمِ* أَشْهَـدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْـهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
Kalebet babakan ingkang kedah dipun leraseken inggih puniko niat kito saklebetipun nindak aken ibadah amal shalih  wonten wulan ramadhan, ampun ngantos nindak aken ibadah karana kebiasaan kemawon. Ananging kedah kito tindakkaken karana niat netepi dauhipun Alloh saha Rasulipun ugi kedah ittiba’ rasul. Lan mboten kesupen ugi kedah kito bekali kanti ilmu. Amal ibadah ingkang kito tindakaken kedah kalandasan ilmu/pangertosan. Ilmu sakderengipun ucapan lan amal.
Mugi mugi Allah maringana pitulung lan pitedah dateng kita sedaya, saget tumandang nindakaken jejibahan shiyam kanti enteng lan maqbul ing ngarsanipun Allah Ta'ala.

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ. يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا 
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ  وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ  وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ
  إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ 
وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
   
اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ  أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ إِلَيْهَا مَعَادُنُا
وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلّ خَيْرٍ وَالْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَأَعِدْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ هَذَا الْيَوْمِ

رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنَا وَبَنِيْنَا أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ


Klik Tombol Print atau Pdf untuk ambil artikel
 Print Friendly and PDF
KHUTBAH JUMAT BASA JAWA : " TAMU AGUNG " 4.5 5 Semangat Belajar Senin, 09 Juni 2014  إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَ...


1 komentar:

Copyright © Semangat Belajar. All Rights Reserved.Theme by CB Design