KHUTBAH JUM'AT BASA JAWA : "amalan ing awal wulan Dzhulhijah

 on Kamis, 27 September 2012  


Khutbah 1
إن الحمد لله نحمده ونستعينه ونستغفره ونعوذ بالله من شرور أنفسنا وسيئات أعمالنا من يهده الله فلا مضل له ومن يضلل فلا هادي له أشهد أن لا إله إلا الله وأشهد أن محمدا عبده ورسوله

ياأيها الذين آمنوا اتقوا الله حق تقاته ولا تموتن إلا وأنتم مسلمون

ياأيها الناس اتقوا ربكم الذي خلقكم من نفس واحدة وخلق منها زوجها وبث منهما رجالا كثيرا ونساء واتقوا الله الذي تساءلون به والأرحام  إن الله كان عليكم رقيبا

ياأيها الذين آمنوا اتقوا الله وقولوا قولا سديدا يصلح لكم أعمالكم ويغفرلكم ذنوبكم ومن يطع الله ورسوله فقد فاز فوزا عظيما، أما بعد ...

فأن أصدق الحديث كتاب الله، وخير الهدى هدى محمد صلى الله عليه وسلم، وشر الأمور محدثاتها، وكل محدثة بدعة وكل بدعة ضلالة، وكل ضلالة في النار.


Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Mangga kita sesarengan nambahi taqwa kita dateng Allah, kanti estu estu tansah netepi  ta’at dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi  sedaya awisanipun. Ampun ngantos kumawantun nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos nerjang palang awisan ipun Allah.wonten ing kawontenan kados menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang  saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit ing alam dunya punika ngantos dumugining akherat, Amiin.  Ringkesipun tansah nertepi iman lan taqwa, Inggih namung kanti sarana mekaten, kita bade manggihaken kawilujengan gesang dunya dumugining akhirat.

Alhamdulilah Alloh paring nikmat dumateng kito sedoyo inggih nikmat umur soho kasarasan ngantos  titiwekdal puniko kita pun anugerahaken manggihi wulan zhulhijah.wulan ingkang gadahi kautamaan-kautamaan, ingkang sak mangke bade kito aturaken babakan kautamaan-kautamaan saking awal wulan zhulhijah lan ibadah utawi amalan punopo kemawon ingkang dipun anjuraken ing sak lebetipun.
Jama’ah shalat jum’at rahimani wa rahimakumulloh
ing antaranipun ingkang nedahaken kautamaan-kautamaan saking wulan dzulhijah  inggih puniko Hadits saking Ibnu ‘Abbas, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda,
مَا مِنْ أَيَّامٍ الْعَمَلُ الصَّالِحُ فِيهَا أَحَبُّ إِلَى اللَّهِ مِنْ هَذِهِ الأَيَّامِ . يَعْنِى أَيَّامَ الْعَشْرِ. قَالُوا يَا رَسُولَ اللَّهِ وَلاَ الْجِهَادُ فِى سَبِيلِ اللَّهِ قَالَ وَلاَ الْجِهَادُ فِى سَبِيلِ اللَّهِ إِلاَّ رَجُلٌ خَرَجَ بِنَفْسِهِ وَمَالِهِ فَلَمْ يَرْجِعْ مِنْ ذَلِكَ بِشَىْءٍ
“ora ono salah sawijine amal sholeh kang luwih dicintai Alloh ngluwihi amal shaleh kan dilakoni ing dino-dino iki yaiku 10 dino awal soko wulan dzulhijah..” Para sahabat tanglet: “Tidak pula jihad ing dalane Allah?” Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam jawab: “Tidak pula jihad ing dalane  Allah, kejobo wong kang jihad kanti jiwo lan bondhone ananging ora ono siji wae kang bali.”[1]
Ing antarane malih ingkang nedah haken kautamaan-kautamaan dinten kasebat firman Allah Ta’ala,
وَلَيَالٍ عَشْرٍ
“lan demi malam kang sepuluh.” (QS. Al Fajr: 2). Inggih puniko 10 dinten awal saking wulan dzulhijah.

Mangasyirol mukminin
Babakan hadits kolo wau  Ibnu Rajab Al Hambali mengatakan, “Hadits iki nunjukake bilih amalan ing 10 dinten, langkung dipun tresnani lan nedahhaken bilih amalan ing 10 dinten awal langkung dipun tresnani menawi kabandengan dinten lintunipun lan mboten wonten pengecualian.menawi dipun sebateken bilih ing dinten kasebat langkung dicintai Alloh,meniko nedahaken , bilih nindakaken amal shaleh ing wekdal 10 hari awal zhulhijah langkung utami ing sisinipun Alloh.”[7]
Amalan ingkang Dianjurkan ing Sepuluh Hari Awal Dzulhijah
Keutamaan sepuluh dinten awal Dzulhijah berlaku kangge amalan punopo mawon ingkang leres, mboten kawates amalan khusus.[12]
Amalan ingkang dipun anjuraken ing awal dzulhijah inggih puniko siyam. Saking Hunaidah bin Kholid, saking garwonipun, istrinipun Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendikak aken,
عَنْ بَعْضِ أَزْوَاجِ النَّبِىِّ -صلى الله عليه وسلم- قَالَتْ كَانَ رَسُولُ اللَّهِ -صلى الله عليه وسلم- يَصُومُ تِسْعَ ذِى الْحِجَّةِ وَيَوْمَ عَاشُورَاءَ وَثَلاَثَةَ أَيَّامٍ مِنْ كُلِّ شَهْرٍ أَوَّلَ اثْنَيْنِ مِنَ الشَّهْرِ وَالْخَمِيسَ.
“Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam biasa siyam ing 9 dino awal dzhulhijah, pada hari ‘Asyura (10 muharom) , poso 3 dino saben-saben wulan. [13], …”[14]
Sahabat ingkang mraktekaken siyam 9 dinten saking awal dzhulhijah inggih puniko Ibnu ‘Umar. Lan poro Ulama kados Al Hasan Al Bashri, Ibnu Sirin dan Qotadah ugi nyebataken kautamaan siyam ing dinten-dinten puniko. Meniko pendapat mayoritas Ulama. [15]
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Sak lajengipun ugi amalan ingkang dipun anjuraken inggih puniko siyam ing dinten Arofah kagem tiyang ingkang mboten nindak aken haji. Ampun ngantos nilaraken siyam Arofah
puasa Arofah meniko wonten ing tanggal 9 Dzulhijah.kados  hadits Abu Qotadah, Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda,
صِيَامُ يَوْمِ عَرَفَةَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ وَالسَّنَةَ الَّتِى بَعْدَهُ وَصِيَامُ يَوْمِ عَاشُورَاءَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ
“Puasa Arofah ngapusake dosa setahun kang lalu dan setahun arep teko.”[24] Keutamaan puasa Arofah inggih puniko bade dipun hapus dosa setahun ingkang kapengker lan setahun ingkang bade dateng lan dosa ingkang dipun maksud inggih puniko dosa-doso alit.utawi diringannaken dosa ageng utawi dipun inggilaken derajatipun.[26]
Lajeng kagem tiyang ingkang haji mboten dipun anjuraken nindakaken siyam Arofah.kados hadits Rasululloh saking Ibnu ‘Abbas,
Para sederek ingkang minulyo
 Ing antaranipun bilih dinten Arofah ugi gadahi kautamaan.-kautamaan kados wonten hadits:,
مَا مِنْ يَوْمٍ أَكْثَرَ مِنْ أَنْ يُعْتِقَ اللَّهُ فِيهِ عَبْدًا مِنَ النَّارِ مِنْ يَوْمِ عَرَفَةَ وَإِنَّهُ لَيَدْنُو ثُمَّ يُبَاهِى بِهِمُ الْمَلاَئِكَةَ فَيَقُولُ مَا أَرَادَ هَؤُلاَءِ
“ing antarane dino kang Alloh akeh mbebasake salha sawijine manungso soko neraka yaiuku ing dino Arofah(kangge tiyang ingkang wonten Arafah). Alloh bakal nyedakki tiyang kolo wau lajeng ditampak ake kautamaanipun menyang para malaikat. Banjur Alloh berfirman: opo kang dikarep ake”[20]
Meniko poro sederek kautamaanipun tiang ingkang haji, sederek kito ingkang wukuf ing Arofah lilo ninggalaken sanak saudara,negri,ugi nelasaken bondo,ingkang dados kekarepanipun inggh puniko ampunan,ridho lan manggihi Rabb ipun. Derajatipun tergantung kalian niat saben tiyang ingkang nindakkaken wukuf ing Arafah. [21]
Keutamaan lintunipun, hari arofah inggih wekdal mustajabipun do’a. Kados hadits saking ‘Amr bin Syu’aib dari ayahnya dari kakeknya, Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda,
خَيْرُ الدُّعَاءِ دُعَاءُ يَوْمِ عَرَفَةَ
“Seapik-apike do’a yaiku do’a ing dino  Arofah.”[22]
Akhiripun mugi Alloh gampilaken anggen kito ngibadah lan mugi kito suatu saat saget nindakkaken ibadah haji.
أقول قو لي هذا واستغفروا الله لي و لكم إنه هو الغفور الرحيم.



 Khutbah jum'at bahasa jawa lainnya


    Footnote:
    [1] HR. Abu Daud no. 2438, At Tirmidzi no. 757, Ibnu Majah no. 1727, dan Ahmad no. 1968, dari Ibnu ‘Abbas. Syaikh Al Albani mengatakan bahwa hadits ini shahih. Syaikh Syu’aib Al Arnauth mengatakan bahwa sanad hadits ini shahih sesuai syarat Bukhari-Muslim.
    [2] Lihat Taisir Karimir Rahman, ‘Abdurrahman bin Nashir As Sa’di, hal. 923, Muassasah Ar Risalah, cetakan pertama, tahun 1420 H.
    [3] Zaadul Masiir, Ibnul Jauziy, 6/153, Mawqi’ At Tafasir.
    [4] Lihat Tafsir Juz ‘Amma, Syaikh Muhammad bin Sholih Al ‘Utsaimin, hal. 159, Darul Kutub Al ‘Ilmiyyah, cetakan tahun 1424 H.
    [5] Latho-if Al Ma’arif, Ibnu Rajab Al Hambali, hal. 469, Al Maktab Al Islamiy, cetakan pertama, tahun 1428 H.
    [6] HR. Abu Daud no. 2438, At Tirmidzi no. 757, Ibnu Majah no. 1727, dan Ahmad no. 1968, dari Ibnu ‘Abbas. Syaikh Al Albani mengatakan bahwa hadits ini shahih. Syaikh Syu’aib Al Arnauth mengatakan bahwa sanad hadits ini shahih sesuai syarat Bukhari-Muslim.
    [7] Latho-if Al Ma’arif, hal. 456.
    [8] Lihat Latho-if Al Ma’arif, hal. 457 dan 461.
    [9] Idem
    [10] Latho-if Al Ma’arif, hal. 458.
    [11] Idem
    [12] Lihat Tajridul Ittiba’, Syaikh Ibrahim bin ‘Amir Ar Ruhailiy, hal. 116, 119-121, Dar Al Imam Ahmad.
    [13] Yang jadi patokan di sini adalah bulan Hijriyah, bukan bulan Masehi.
    [14] HR. Abu Daud no. 2437. Syaikh Al Albani mengatakan bahwa hadits ini shahih.
    [15] Latho-if Al Ma’arif, hal. 459.
    [16] HR. Muslim no. 1176, dari ‘Aisyah
    [17] Fathul Bari, 3/390, Mawqi’ Al Islam
    [18] Latho-if Al Ma’arif, hal. 459-460.
    [19] Lihat Fathul Bari, 3/390 dan Latho-if Al Ma’arif, hal. 460.
    [20] HR. Muslim no. 1348, dari ‘Aisyah.
    [21] Lihat Mirqotul Mafatih Syarh Misykatul Mashobih, Al Mala ‘Alal Qori, 9/65,Mawqi’ Al Misykah Al Islamiyah.
    [22] HR. Tirmidzi no. 3585. Syaikh Al Albani mengatakan bahwa hadits ini hasan.
    [23] Lihat Tuhfatul Ahwadziy, Muhammad ‘Abdurrahman bin ‘Abdurrahim Al Mubarakfuri Abul ‘Ala, 8/482, Mawqi’ Al Islam.
    [24] HR. Muslim no. 1162, dari Abu Qotadah.
    [25] Lihat Fathul Bari, 6/286.
    [26] Lihat Syarh Muslim, An Nawawi, 4/179, Mawqi’ Al Islam.

    Translete ke jawa Dari artikel Muslim.Or.Id  


    KHUTBAH JUM'AT BASA JAWA : "amalan ing awal wulan Dzhulhijah 4.5 5 Semangat Belajar Kamis, 27 September 2012 Amal Sholih ing Awal Dzulhijah Khutbah 1 إن الحمد لله نحمده ونستعينه ونستغفره ونعوذ بالله من شرور أنفسنا وسيئات أعمالنا ...


    Tidak ada komentar:

    Posting Komentar

    Copyright © Semangat Belajar. All Rights Reserved.Theme by CB Design