KHUTBAH BOSO JOWO " KUNCI KATENTREMAN LAN KABEGJAN ING DUNYO LAN AKHIRAT"

 on Jumat, 03 Mei 2013  

إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
 
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا

يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ ...

فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ.

 
Para sederek Kaum Muslimin  Muslimat, Rahimakumullah.
Minangka purwakaning atur mangga kita sesarengan ngunjukaken syukur dateng ngarsa dalem Allah, awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpa kawical wical, langkung langkung rahmat kawilujengan lan yuswa panjang dateng kita sedaya , sahingga enjang punika kita tasih saget menangi malih dinten jumat, lan saget makempal ing masjid punika kanti tanpa manggih rubeda satunggal punapa.
Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman,  kanthi tansah  nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan  dunya ngantos akhirat saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala ,  Kados dawuhipun Allah :
إِنَّ اللَّهَ مَعَ الَّذِينَ اتَّقَوْا وَالَّذِينَ هُمْ مُحْسِنُونَ
"Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe becik” . (QS. An Nahl :128).

Para sederek Kaum Muslimin  Muslimat, Rahimakumullah.

Manawi kita setitekaken kawontenan gesangipun manungsa ing donya punika kenging kita umpamakaken kados dene tiyang kekesahan ingkang tebih nyabrang seganten ingkang kebak ombak nuju dateng pantai bahagia ingkang dipun idham-idhamaken.
Wonten ing margi wonten prahara lan angin ageng ingkang nggegirisi, sahingga manawi musafir kala wau boten ngatos-atos mesthi praunipun badhe kandhas lan kerem wonten ing tengahing samodro pungkasanipun boten saged dumugi tujuan ingkang dipun idam-idamaken.  Mila, jalaran manungsa punika inggih naming manungsa boten aneh manawi kathah idaman-idamanipun manungsa ingkang boten saged kadumugen boten sedaya ingkang dipun kajengaken dening manungsa mesthi kaleksanan boten sedaya ikhtiyaring manungsa ugi mesthi kasil.

Sedoyo tiang gadah pengangen-angen supados anggenipun gesang ing dunya saget anggayuh ketentreman saha kabegjan ngantos wonten ing akhirat sakmangke. saking puniko kito kedah memahami kanti leres bilih ingkang dandos sumber katentreman lan kebahagian meniko mboten saking kathipun bondo donyo, mobil ingkang mewah, griyo ingkang megah, ananging sumber katentreman saha kabegjan meniko wonten ing manah saben tiyang. menawi kito gatosaken sak kelilingipun kito bade nemokaken bilih katah ingkan gadah bondo donyo melimpah ananging dewekipun mboten saget ngraosaken kabegjan , ketentreman lan kedamaian ing manahipun, keporo malah sak walikipun malah ngraosaken manah ingkang mboten tenang.

saking meniko kito kedah gatosaken manah kito supados tetep tentrem lan bahagia. 
Supados kita saget anggayuh gesang ingkang bahagia tentrem lan slamet donyo akhirat pramilo kedah berusaha nindakkaken amalan ingkang saget dumugekaken katentreman gesang lan kabegjan dunyo akhirat.
  1.  Iman Lan Amal Shaleh
Sebab ingkang paling pokok lan paling utami supados kito saget anggayuh ketentreman lan kabegjan dunyo akhirat inggih puniko kanti Iman lan nindakkaken amal shaleh ingkang sampun diprentahaken Allah saha Rasulipun.
 Allah berfirman,
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَىٰ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً ۖ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ

QS. An-Nahl : 97

saking ayat kolo wau nedahaken bilih Allah bade paring balasan dumateng tiyang ingkan iman lan nindakkaken amal shaleh karano Alloh bade dipun paringi hayah toyyibah . artosipun  dipun paringi manah ingkang tenang lan tentremipun jiwo. Alloh paring kanugrahan Rizki ingkang halal saking arah ingkang mboten songko-songko.

2.  Ilmu ingkang bermanfaat
Kanti ilmu kito bade saget mbentenaken pundi ingkang haq lan pundi ingkang bathil. sahinggo kito saget mlampah wonten dalan ingkang haq lan dumugekkaken katentreman lan kebahagian ingkang haqiqi.

3. Akhlaq Mulia
kanti Akhlak ingkang sae, tindak tanduk budi pekerti ingkang sae kito bade ngraosaken pagesangan ingkang tentrem lan dadosaken kito gesang kanti bahagia.
benten malih menawi kito gadah akhlaq ingkang awon, remen damel memengsahan, menawi mekaten bade dadosaken panggesangan ingkang sempit, manahipun mboten tenang lan mboten saged ngraosaken kebahagian.

4. Syukur nikmat lan dzikrulloh (enget dateng Allah)
Kanti syukur nikmat Alloh bade nambah nikmat ingkang dipun anugrahaken dateng kito, lan kanti syukur nikmat manah kito saget tenang. lan ugi kito ngatahaken eling dumateng Alloh. kanti tansah enget dateng Allah, Allah bade nurunaken rahmatipun.

5. Manjataken Doa / nyuwun dumateng Allah
kados Doa ingkang dipun ajaraken Rasulullah Shallallohu'alaiwasallam :
اللهم أصلحلي ديني الذي هو عصمة أمري و أصلح لي دنياي التي فيها معاشي و أصلح لي آخرتي التي فيها معادي و اجعل الحياة زيادة لي في كل خير و اجعل الموت راحة لي من كل شر
 
 أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم..
Khutbah ke 2 
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ 
Para sederek kaum muslimin ingkang minulyo,
ing khutbah kaping kalih puniko kito saget mendet kesimpulan saking khutbah ingkang sepindah inggih punika
Kebahagian ingkang haqiqi inggih puniko kito saget anggayuh keslametan sak mangke wonten ing akhirat
Kebahagian meniko sumberipun wonten ing manah kito sedoyo
selaku umat muslim kito kedah mangertosi punopo engkang saget dadosaken kito bahagia wonten ing dunyo lan ing akhirat.
akhiripun kito akhiri kanti surat Taha ayat 124-126 :
20:124 
20:125
20:126
Ayat meniko nedahaken bilih Sinten ingkang nalikanipun wonten dunyo supe dateng Allah, mboten enget dateng Allah, mboten beriman dateng Ayat-ayat Allah lan mboten remen maos ayat-ayat Allah (Al-Quran) saha berpaling sakin ayat-ayat Allah bade dipun paringi kehidupan ingkang sempit lan sak mangke wonten ing akhirat bade dipun bangkitaken kanti keadaan wuto.

Mugi-mugi kito kagolongaken hambanipun Allah ingkang tansah enget dateng Alloh, dados hamba ingkang bersyukur lan mugi kito saget anggayuh kabegjan wonten ing dunyo lan akhirat.

-->
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ. يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا 

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ  وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ  وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ
  إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ 

وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
   

اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ  أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ إِلَيْهَا مَعَادُنُا
وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلّ خَيْرٍ وَالْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَأَعِدْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ هَذَا الْيَوْمِ

رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنَا وَبَنِيْنَا أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
                                                  
KHUTBAH BOSO JOWO " KUNCI KATENTREMAN LAN KABEGJAN ING DUNYO LAN AKHIRAT" 4.5 5 Semangat Belajar Jumat, 03 Mei 2013 إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا ...


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Copyright © Semangat Belajar. All Rights Reserved.Theme by CB Design