KHUTBAH JUMAT BASA JAWA : NGADEPI WULAN RAMADHAN

 on Kamis, 27 Juni 2013  


إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا

يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ ...

فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ.


Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Mangga tansah sami netepi taqwa lan taat dateng Allah, wonten ing pundi kemawon kawontenan kita , kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi rahasia,  kanthi tansah  nindakaken sedaya perintah lan nebihi sedaya cegah, nindakaken sedaya dawuh lan nebihi sedaya pepacuh, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan,  saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala ,  Amiin.
Kados dawuhipun Kanjeng Nabi :
اتّـق اللّه حيـثـمــا كنت واتـبــع الـســيّـة  الحســنة تـمــحـها
“Wediya sira ing Allah, ana ing endi wae pangggonan  ana sira,  kaelekan iku tut burenana kelawan kebecikan, jalaran kebecikan iku bisa nglebur kaelekan”.
Ampun ngantos kita pejah kejawi tetep minangka Muslim ingkang taqwa.  Jalaran inggih namung kanthi taqwa kita sedaya badhe saged nggayuh kabegjan wiwit dunya punika ngantos mbenjang wonten ing akhirat Mekaten ugi taqwa punika ngrupeaken perkawis ingkang saget ndorong dateng kesaenan ingkang rosa.  Lan saget minangka rem ingkang saged mekak saking mblandhanging pendamel awon lan lampah dosa. Ringkesipun namung kanti iman lan taqwa kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala .
Kita mila manungsa limrah, titah sawantah, ingkang kongang khilaf lan salah, mekaten ugi kita kadang dumawah ing pendamel awon, nanging nalika sampun kadung tumindak awon, enggal enggala dipun tututi kanti pendamel sae, jalaran kesaenan menika saget nglebur lan mbusek pendamel awon, mekaten wau menggah kersanipun dawuh hadits. Tindakan mekaten supados iman kita punika tansah kareksa, ampun ngantos risak jalaran kedlarungipun pendamel awon saha mboten enggal dipun sadari lan dipun tututi kanti amal sae.
Jama’ah ingkang minulyo,
Sekedap malih kito bade manggihi tamu ingkang agung, punopo kito sampun siap kangge nyambut tamu agung kolo wau? Saget kemawon Ramadhan ing tahun niki dados Ramadhan pungkasan kito sak derengipun sowan dateng Allah subhanahu wata’ala.. Sampun katah tiang ing tahun kapengker taksih sesarengan nindakaken siam, shalat tarawih, lan idull fitri kalian kito, ananging ing wekdal meniko sampun ninggalaken kito.
Saklebetipu wulan Ramadhan Rasululloh paring gambaran kondisi kalih golongan ingkang saling tolak belakang kondisiipun ing dalem nindakaken siyam lan manfaataken wulan ramadhan.
Golongan kaping sepindah inggih puniko :
Golongan ingkang pinaringan ampunan dosa ingkang sampun katindakaken. Kados sabda nipun Rasululloh:

Barang siapa yang berpuasa Ramadhan dengan penuh keimanan dan mengharapkan pahala, maka akan dosanya yang telah lalu akan diampuni.” (HR. Bukhari dan Muslim)
Golongan ingkang sepindah inggih puniko golongan tiyang ingkan nindakkaken siyam Ramadhan kanti penuh iman, ikhlash karana Allah lan ngarep pahala saking Allah tiyang ingkang mekaten bade dipun ampuni dosa ingkang sampun kapengker.
Saking hadits kolo wau kito bade mangertosi bilih supados kito angsal ampunan saking Allah kanti siyam ramadhan wonten kalih syarat:
a.       Ngimani kanti yakin lan leres babakan kewajiban siyam, kito yakindateng pahala ingkang sampun Allah janjikaken,
b.      Mengharap pahala ing sisinipun Allah ta’ala, ikhlash anggenipun kito siyam mboten karana Riya’(pengen dipuji)
Bentuk dosa ingkang bade dipun ampuni kados hadits kolo wau inggih puniko dosa ingkang alit, dene dosa ingkang ageng mbetahaken taubatan nasuhah.
sabda Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam,
الصَّلَوَاتُ الْخَمْسُ وَالْجُمُعَةُ إلَى الْجُمُعَةِ وَرَمَضَانُ إلَى رَمَضَانَ مُكَفِّرَاتٌ لِمَا بَيْنَهُنَّ إذَا اُجْتُنِبَتْ الْكَبَائِرُ
Di antara shalat lima waktu, di antara Jum’at yang satu dan Jum’at yang berikutnya, di antara Ramadhan yang satu dan Ramadhan yang berikutnya, akan mengampuni dosa-dosa di antara kedunya asalkan dosa-dosa besar dijauhi.
Golongan kaping kalih inggih puniko golongan tiyang ingkah sia-sia amalanipun

عَنْ أَبِى هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ -صلى الله عليه وسلم- « رُبَّ صَائِمٍ حَظُّهُ مِنْ صِيَامِهِ الْجُوعُ وَالْعَطَشُ وَرُبَّ قَائِمٍ حَظُّهُ مِنْ قِيَامِهِ السَّهَرُ ».
Artinya: “Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu berkata: “Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam bersabda: “Berapa banyak seorang yang berpuasa bagiannya dari puasanya hanya lapar dan dahaga, dan berapa banyak seorang yang beribadah di malam bagiannya dari puasanya hanya begadang.” HR. Ahmad.

Golongan kaping kalih dipun kabaraken Rasululloh bilih tiyang ingkang sia-sia anggenipun siyam lan amung angsal dahaga lan lapar kemawon.
Punopo sebabipun? Ing antawisipun
-         perkataan Dusta
“Barangsiapa tidak meninggalkan perkataandan perbuatan dusta maka Allah tidak butuh dengan puasanya.” (HR. Al Bukhari).
Kalebet ugi :Remen damel memengsahan dateng tiyang sanes,Remen adu domba lan nyebaraken fitnah,Mboten nebihi perkawis igkang awon lan sia-sia

-         Perkataan Lagwu (sia-sia) lan rofats (kata-kata porno)
Puasa bukanlah hanya menahan makan dan minum saja. Akan tetapi, puasa adalah dengan menahan diri dari perkataan lagwu dan rofats. Apabila ada seseorang yang mencelamu atau berbuat usil padamu, katakanlah padanya, “Aku sedang puasa, aku sedang puasa”.” (HR. Ibnu Majah dan Hakim)

-         Sodoyo bentuk maksiat

Jamaah ingkang minulyo,
Saklajengipun bade kalebet dumateng golongan pundi pribadi kito? sedoyo wau tergantung usaha kito lan taufik saking Allah ta’ala.
Bulan Ramadhan ngrupekaken momentum agung kangge berlomba-lomba nindakkaken kesaenan.sahinggo ampun ngantos kito siak-siaken wekdal kito ing wulan ramadhan. Lan mugi-mugi kito kalebet golongan ingkan dipun gampelaken Allah kagem nindakaken ibadah ketaatan lan dipun tampi ing sisinipun Allah.

أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم..
 
KHUTBAH 2
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
ing khutbah kaping kalih meniko monggo kito nyuwun dumateng Allah mugi kito saget nindakaken ketaatan ibadah ing wulan ramadhan ngantos akhir, amiin
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ. يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا 
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ  وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ  وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ
  إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ 
وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
   
اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ  أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ إِلَيْهَا مَعَادُنُا
وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلّ خَيْرٍ وَالْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَأَعِدْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ هَذَا الْيَوْمِ

رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنَا وَبَنِيْنَا أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
KHUTBAH JUMAT BASA JAWA : NGADEPI WULAN RAMADHAN 4.5 5 Semangat Belajar Kamis, 27 Juni 2013 إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا...


2 komentar:

  1. assalamualikum...maturnuwun jazakumullahukhair, saya ijin copy khutbahnya untuk khutbah di kampung.... mudah mudahan bermanfaat.

    saran: ini website sangat bagus sekali, jarang teman teman sunnah yang menulis artikel pakai bahasa jawa. oleh karena itu lebih bagusnya nama domain lebih di tingkatkan dengan memakai domain sendiri....syukron

    BalasHapus
    Balasan
    1. Wa'alaikumussalam, Sumonggo dipun copy,, Alhamdulillah mugi paring manfaat,,

      Semoga kami bisa mewujudkannya memakai domain sendiri..Aamiin

      Hapus

Copyright © Semangat Belajar. All Rights Reserved.Theme by CB Design