KHUTBAH JUM'AT BASA JAWA : HIJRAH ING TAHUN BARU HIJRIAH

 on Jumat, 08 November 2013  



إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ ...
فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ



Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Langkung rumiyin kula ngajak dateng panjenengan sedaya lan ugi dateng awak kula piyambak mangga kita samiya nambahi taqwa lan tha’at kita dateng Allah, kanti tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun Allah, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, wonten ing pundi kemawon kawontenan kita, lan wonten ing swasana kados menapa kemawon, nuju bingah utawi sisah, kawontenan jembar longgar utawi rupeg, ing kawontenan rame utawi sepi , tansah netepana taqwa dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala. Langkung langkung wonten ing swasana warsa enggal punika samiya ngenggalaken semangat anggenipun kumawula dateng Allah. Kanti semanget hijrah kados ingkang kadawuhaken dening Allah lan kacontokaken dening utusanipun Junjungan kita Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam. Dawuh dalem Allah Ta’ala :
إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَالَّذِينَ هَاجَرُوا وَجَاهَدُوا فِي سَبِيلِ اللهِ أُولَئِكَ يَرْجُونَ رَحْمَةَ اللهِ وَاللهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ  *
“Sejatine wong wong kang pada iman lan wong wong kang pada hijrah lan wong wong kang pada jihad ing dedalane Allah iku wong wong kang pada ngarep arep rahmate Allah,  lan Allah iku Dzat kang akeh pangapurane lan akeh kawelasane
(QS. Al Baqarah 218)
Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Hijrah kangge kita ing mangsa punika mboten kedah kanti hijrah badaniyah utawi hijrah secara fisik, ananging hijrah kedah kita tindak aken paling mboten hijrah wonten ing perkawis sekawan .
1.Hijrah mental..
Inggih menika hijrah kanti ngendaleni nafsu. saking nafsu amarah tumuju dateng nafsul lauwwamah lan nafsul muthmainnah . Jalaran nafsu amarah punika tentu tansah ngajak tumuju dateng pendamel awon, kados dawuhipun Allah :
ان الــنــفـس لا مــارة بـالـســوء
“Temenan nafsu iku tansah perintah kelawan penggawe ala (QS.Yusuf : 53)
Tiyang ingkang tansah nuruti nafsu amarah  punika tentu tumuju dateng pendamel awon ingkang tansah kedah keturutan pepinginanipun, mboten nggagas nuwuhaken kapitunaning liyan, akalipun sampun tunduk lan nyengkuyung dateng pikajenganing nafsu..
Dene nafsul lauwamah menika kesadaran kangge negur pribadi lan diri sendiri, nafsu ingkang sampun mawas diri, inggih kesadaran kangge merubah pribadi sak derengipun dipun tegur dining Allah. Dawuhipun Allah :
ولا أقــســم بـالــنـفــس الـلــوامــة
“Lan Ingsun sumpah demi jiwa kang akeh olehe nggetuni”  (QS. Al Qiyamah : 2)
Dene nafsul muthmainnah punika kados ingkang kadawuhaken dening Allah :
يَــآأَيتهَـــاالـنــفـس  الـمــطـمـئـنــة  ارجـعـي الى ربــك راضــيــة
  مــرضــيــة   فـادخـلـي في عــبــادي وادخــلي  جـنـــتي
“Hai jiwa kang anteng , baliya marang Pangeranmu kelawan ridla lan diridlani Pangeranmu. Mlebua ing golongane kawulaKu, lan ingndalem swargaku” (QS. Al Fajr : 27-30).
Hijrah mental kita kedah ngantos saget tumuju nggayuh jiwa ing kang muthmainnah supados kita kalebet golonganipun kawula ingkang pikantuk karidlan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala..
2. Hijrah kultural. 
Inggih menika hijrah saking keterbelakangan tumuju dateng kemajengan. Kawontenan kita ingkang tasih katah katilar dening kemajengan,  kedah dipun ikhtiyari supados langkung saget nggayuh kawontenan ingkang langkung sae. Kados dene kawontenan lare lare ingkang cekap katah mboten saget sinau lan menempuh pendidikan, mekaten ugi jumlah tenaga kerja ingkang langkung ageng katimbang wontenipun lapangan pakaryan,
Mekaten ugi kabudayan ingkang saya ngrisak dateng akhlaq lan moralipun masyarakat kanti dalih kebebasan ber kreasi, lan sak pinunggalanipun. Punika kedah kita atasi  supados  mboten ngobro ombro, syukur saget gumantos pengadatan utawi adat kito dados kabudayan ingkang selaras kaliyan tuntunan agami Islam ingkang leres. Amargi ing jaman puniko musuh-musuh islam nyebaraken kebudayaan ingkang mboten wonten tuntunan agami islam lan katah-katahipun umat islam mboten ngraosaken.
3.Hijrah Sosial.
Inggih menika hijrah saking saking kondisi sosial kita ingkang nembe ketaman bencana, jalaran mboten namung fisik ingkang dados korban nemahi kerisakan, nanging kawontenan sosial ugi nemahi katah kerisakan kados penipuan dateng sedrek piyambak, permusuhan, korupsi lan sak panunggalanipun. Hubungan pasederekan, tetanggan lan sesrawungan katah, Punika kedah dipun usahani kanti hijrah tumuju dateng konndisi sosial ingkang langkung sae. Tiyang pinter pirang pirang, nanging tiyang bener arang arang. Mila semanget hijrah kedah tumanem wonten ing manahipun saben saben tiyang Islam  sepanjang zaman.
4.Hijrah Material.
Hijrah Material. Punika upaya perubahan kangge nggayuh kawontenan ingkang langkung sae ing babagan ekonomi, kita kedah gumbregah kedah cancut tali wanda, mboten kenging kedlarung, berlarut larut ing swasana sungkawa nggetuni dateng kawontenan, kedah semangat makarya kangge nggayuh kebahagyaan dunya lan akhirat, dunyane nggayuh baldatun thayyibatun warabbun ghafur, akhirate beja mulya slamet saking siksa akhire mlebet swarga. Aminn.
أقول قو لي هذا واستغفروا الله لي و لكم إنه هو الغفور الرحيم


Khutbah 2
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

Kaum muslimin ingkang minulyo
Mugi mugi Allah tansah midanget lan ngijabahi dunga panyuwun kita, andadosaken keluarga ingkang sakinah manggih kabegjan   dunya ngantos akhirat. Amin. 
 
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَكَفِّرْعَنَّا سَيِّئَاتِنَا وَتَوَفَّنَا مَعَ اْلأَبْرَارِ. رَبَّنَا لاَ تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَّسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا، رَبَّنَا وَلاَ تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِيْنَ مِن قَبْلِنَا، رَبَّنَا وَلاَ تُحَمِّلْنَا مَالاَ طَاقَةَ لَنَا بِهِ، وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنتَ مَوْلاَنَا فَانصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ بِأَنَّا نَشْهَدُ أَنَّكَ أَنْتَ اللهُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ يَا حَيُّ يَا قَيُّوْمُ يَا ذَاالْجَلاَلِ وَالإِكْرَامِ
 يَامُصَرِّفَ الْقُلُوْبِ صَرِّفْ قُلُوْبَنَا إِلَى طَاعَتِكَ اللَّهُمَّ يَامُقَلِّبَ الْقُلُوْبِ ثَبِّتْ قُلُوْبَنَا عَلَى دِيْنِكَ   
اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ  أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ إِلَيْهَا مَعَادُنُا
وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلّ خَيْرٍ وَالْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَأَعِدْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ هَذَا الْيَوْمِ

رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنَا وَبَنِيْنَا أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ




Klik Tombol Print atau Pdf untuk ambil artikel Print Friendly and PDF
KHUTBAH JUM'AT BASA JAWA : HIJRAH ING TAHUN BARU HIJRIAH 4.5 5 Semangat Belajar Jumat, 08 November 2013 إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَ...


1 komentar:

Copyright © Semangat Belajar. All Rights Reserved.Theme by CB Design