KHUTBAH JUM'AT BASA JAWA ( NGADEPI WULAN RAJAB)

 on Minggu, 10 Juni 2012  


 NGADEPI WULAN RAJAB




إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأََرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
أَمَّا بَعْدُ
فَإِنَّ خَيْرَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللَّهِ, وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ, وَشَرَّ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا, وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ, وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ, وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأََرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
أَمَّا بَعْدُ
فَإِنَّ خَيْرَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللَّهِ, وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ, وَشَرَّ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا, وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ, وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ, وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ

Read more about Nasehat by null
Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Mangga kita sesarengan nambahi taqwa kita dateng Allah, kanti estu estu tansah netepi  taat dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi  sedaya awisanipun. Ampun ngantos kumawantun nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos nerjang palang awisan ipun Allah.wonten ing kawontenan kados menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang  saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit ing alam dunya punika ngantos dumugining akherat, Amiin.  Ringkesipun tansah nertepi iman lan taqwa, Inggih namung kanti sarana mekaten, kita bade manggihaken kawilujengan gesang dunya dumugining akhirat.

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya,
Gilir gumantose mangsa mboten kraos sampun dumugekaken kita dateng satunggaling mangsa ingkang kalebet dateng wulan haram ingkang mulya menggahipun Allah.inggih puniko bulan Rajab. Kados firmanipun Allah.
إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْراً فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ذَلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ فَلا تَظْلِمُوا فِيهِنَّ أَنْفُسَكُمْ
“saktemene wilangan wulan ing  sisnei Allah yoiku rolas wulan, ing katetepane Allahi wiwit  Allah nyimptaake langit lan bumi,ing antarane 4 wulan haram, iku kabeh katetepan agama kang lurus,lan ojo podo tumindak zhalim nganioyo awak nira kabeh ing 4wulan iku.” [At-Taubah: 36]
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam nyebattaken bilih sekawan wulan haram kasebat inggih punika dzulqo’dah,dzulhijah, muharram, lan rajab kados hadis ingkang dipun riwayattaken bhukari muslim saking sahabat abu bakrah radhiyallohu ‘anhu.
Dipun westani wulan haram awit kemuliaan lan kehormatan wulan kasebat ngluwihi wulan-wulan sanesipun,sahingga wulan –wulan puniko Alloh haramaken peperangan, kecuali menawi kaum kafir  nyerang kaum muslimin.
Babakan firman Allah subhanahu wata’ala kolo wau, “lan ojo podo tumindak zhalim nganioyo awak nira kabeh ing 4wulan iku”, sebagian mufassirin jelasaken bilih ing dasaripun tumindak zhalim lan maksiat- kapan kemawon lan ing papan pundi kemawon dipun lampahi- ngrupekaken dosa lan kemungkaran ingkang ageng sanget, ananging menawi Allah ngususaken panyebatan larangan tumindak dzalim ing bulan-bulan haram ingkang cacahipun sekawan meniko nedahhakenbilih kezaliman lan kemaksiatan ingkang dipun lampahi ing bulan-bulan haram kasebat dosanipun berlipat ganda menawi dibandingaken kalian wulan sanesipun. Pramila sampun sak mestinipun wulan ingkang agung lan kalebet wulan haram punika kita mulyakaken. Dene cara kita mulyaaken wulan menika antawisipun kanti ningkataken ibadah kita lan ngatah-ngatahaken dzikir, do’a lan istighfar nyuwun pangapunten dateng Allah.
Ma’asyiral muslmin Rahimaumullah ,
Ing saklebetipun panggesangan puniko kito sampun mangertosi bilih kewajiban umat manungsa   ingkang kedah dipun laksanaakaken inggih puniko ibadah,  kito sampun mlebet dateng wulan rajab ateges bilih sak sampunipun rajab kito bade manggihi wulan Sya’ban lan Ramadhan wulan ingkang dipun tenggo –tenggo sedoyo umat islam, pramilo kangge persiapan kangge maggihi kaleh wulan wau lan utaminipun kangge persiapan ngadepi maut utawi kematian pramilo kito kedah: kaping sepindah : ningkattaken amalan ibadah kito supados tambah sae lan sempurna. Ibadah  puniko dipun landasi tigang perkawis , menawi tigang perkawis puniko kito wujudtaken ing dalem kito nindakkaken amaln ibadah, ibadah kito bade sae . inggih puniko:
1.      Al-Hubb cinta , cinta dipun barengi kalian raos rendah diri
165.. wong kang beriman iku tresna marang Allah.(Al-Baqarah)
2.      Khauf (raos ajrih)  
Raos ajrih dateng Alloh puniko dadosaken kito tunduk patuh dumateng Alloh sahinggo kito saget nindakaken ibadah kanti khusyu’
3.      Raja’ (pangarepan), Raos ajrih kedah dipun barengi kalian raos pangarep-arep.
Meniko tigang perkawis ingkang dados pilar utawi landasan ibadah, menawi tigo perkawis puniko sampun kito wujudaken ibadah ingkang kito tindakaken menggahi kekhusyu’an, tentrem lan tenang ing hati. Contonipun: kito nindakkaken shalat menawi kito sampun wujudtaken raos tersna,ajrih,lan pangarepan dumateng Alloh inggih solat kito bade kraos enteng, batos dados tenang lan tentrem ing pikir.
Kaping kalih: kito kedah ngatah ngatahaken istighfar nyuwun pangapunten dateng Allah, sinaosa katah lan ageng dosa lepat kita dateng Allah kita mboten kenging putus asa kedah ngagengaen roja’ kita dateng rahmatipun Allah inggih namung panyuwunan pangapunten punika ingkang langkung trep kita kunjuk aken wonten ngarsanipun Allah. Agengipun dosa lepatipun kawula mboten sepintena kabanding rahmat lan maghfirahipun Allah. Sepinten mawon ageng lan katahipun dosa kita. Dawuh dalem Kanjeng Nabi ngriwayataken saking ngarsanipun Allah :
قـال الله تـعـالى : يـاابـن أدم , انـك مـا دعـوتـى ورجـوتـنى غفـرت لـك مـاكان مـك ولا أبـالى , يـاابـن أدم لـو بـلـغت ذنـوك  عنان الـسـمـاء ثم اسـتـغـفر تني غفـرت لـك , يـاابـن أدم انـك لـو أتيـتـي بـقـراب الأرض خطابـا ثم أتـيـتنى لا تـشـرك بي شيـأ لأتـيـتـك بـقـرابـهـا مـغـفـرة .
Allah Ta’ala ngendika :
“He, tedak turun Adam , selagine sira nyuwun marang Ingsun lan ngarep arep rahmat Ingsun, mesti wae Ingsun paring pangapura marang dosa dosa ira ora perduli.  He anak putu Adam, kok umpama dosa ira iku nganti ngebaki awang awanging langit, nuli sira nyuwun pangapura marang Ingsun, Ingsun paring pangapura marang dosa dosa ira.
He anak putu Adam, kok umpama sira sowan ing ngarsa Ingsun kelawan nggawa kaluputan  sak kebake bumi, nuli sira  sowan ing ngarsa Ingsun kelawan tanpa nyekutokake ing Ingsun kelawan sawiji wiji,  mesti Ingsun bakal paring marang sira kelawan pangapura sak kebake bumi uga”
(HR. At Turmudzi).
Ma’asyiral muslmin Rahimaumullah ,
Minangka tiyang mukmin kita tentu tansah adang adang lan ngagengaken roja’, harapan  kita dateng rahmatipun Allah, jalaran inggih namung tiyang tiyang kafir mawon ingkang putus asa mboten wonten pangajeng ajengipun dateng rahmatipun Allah. Monggo poro sederek sisa-sisa umur ingkan dipun parengaken  punika kita ginakaken kanti nambah kualitas ibadah kito supados sae, ngatahaken istighfar saha ngaturaken donga panyuwunan dateng Allah, langkung langkung nyuwun kaparingana saget manggihi wulan Ramadlon  mangke,
Mugi Mugi Allah maringana pitedah lan pitulung dateng kita saget nindakaken dawuh lan printahipun, nambahi tha’at lan ibadah kita ing wulan mulya punika , ugi tansah kaparingan rahmat lan maghfirah saking ngarsa dalem Allah Ta’ala

أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم.
Khutbah 2 
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
Para sederek,
monggo kito nyuwung dateng Allah supados mlebet dateng golangan tiyang ingkang taqwa lan tansah istiqomah.
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ. يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا 
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ  وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ  وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ
  إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ 
وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
   
اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ  أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ إِلَيْهَا مَعَادُنُا
وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلّ خَيْرٍ وَالْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَأَعِدْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ هَذَا الْيَوْمِ

رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنَا وَبَنِيْنَا أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
  
Khutbah jum'at bahasa jawa lainnya


    KHUTBAH JUM'AT BASA JAWA ( NGADEPI WULAN RAJAB) 4.5 5 Semangat Belajar Minggu, 10 Juni 2012  NGADEPI WULAN RAJAB إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أ...


    Tidak ada komentar:

    Posting Komentar

    Copyright © Semangat Belajar. All Rights Reserved.Theme by CB Design