KULTUM RAMADHAN BASA JAWA : KEUTAMAAN SIYAM

 on Senin, 30 Juni 2014  


KEUTAMAAN SIYAM

إِنّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ  اَمَّا بَعدُ:
Jama’ah ingkah tansah minulyo,
Kaping sepindah monggo kita tansah ngaturaken puji dalasan syukur kito dumateng ngarso dalem Alloh subhanahu wa ta’ala inggih ingkang sampun paring limpahan nikmatipun dumateng kito sedoyo sahinggo ri kalenggahan dalu puniko kito seget makempal manunggal wonten masjid ingkang kito tresnani meniko saperlu nindakaken ibadah manembah dumateng Alloh. Saking shalat isya’, shalat tarawih, saha sholat witir sarto dilajengaken pangaosan. Mugi-mugi ibadah ingkang sampun kito tindakaken meniko dipun tampi Alloh dados amalan shalih ingkang saget berataken timbangan kesaenan sak mangke ing yaumul qiyamah.
Jama’ah rahimanii warahimakumulloh,
Nalikanipun kito nindakkaen salah satunggaling pedamelan mestinipun kito gadahi tujuan, lan saklebetipun kito nindakaken pedamelan kolo wau terkadang kito ngraosaken futur, males/mboten semangat. Sahinggo kito betahaken motivasi supados anggenipun kito nindakaken pedamelan kolo wau  saget kanti  raos semangat lan akhiripun tujuan kito saget kawujud. Meniko babakan pedamelan, menawi saklebetipun kito nindakaken pedamelan kemawon betahaken motivasi ingkang nuwuhaken semangat punopo maleh sak lebetipun kito nindakaken ibadah siyam langkung betahaken motivasi nindakaken ngibadah siyam. Sahinggo kito nindakaken siyam kanti saestu/tenanan.
Lajeng ing mriki kanti punopo supados kito termotivasi semangat anggen kito siyam? Ing antaranipun kanti kito mangertosi keutamaan-keutamaanipun siyam.
Keutamaan-keutamaan siyam inggih puniko:
1.      Siyam meniko dados penghalang saking sekso neroko
Rasululloh paring sabda:
إِنَّمَا الصِّيَامُ جُنَّةٌ يَستَجِنُّ بِهَا العَبدُ مِنَ النَّارِ
“ poso iku perisai kang nglindungi salah sawijine hamba soko geni neroko.” HR.Ahmad
2.      Siyam bade paring syafa’at dumateng tiyang ingkang nindakaken
Wonten salah satunggaling hadits dipun sebataken:
الصِّيَامُ وَ القُرانُ يَشفَعَانِ لِلعَبدِ يَومَ القِيَامَةِ
“ poso lan Al-Quran iku pemberi syafa’at marang salah sawijine hamba ing dino kiamat.”
3.      Sinten ingkang nindakaken siyam bade pinaringan ampunan saking dosa-dosanipun
مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيْمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَلَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
“ Sopo wonge kang poso ramadhan kanti iman lan ngarepake pahala soko Alloh, dosa-dosane ing masa lalu mesti bakal diampuni.” HR.Bukhari
Hadits meniko nyebataken bilih sinten ingkang nindakaken siyam ramadhan bakal dipun ampuni dosa-dosa ingkang kapengker. Ananging kedah kalandasan iman ingkang manteb lan ikhlash karana Alloh saklebetipun nindakaken siyam. Dene ingkang dipun maksud dosa ing mriki inggih puniko dosa-dosa alit. Menawi dosa-dosa ageng meniko mbetahaken taubatan nasuhah, taubat kanti saestu mboten mangsuli malih nindakaken dosa ageng ingkang sampun terlanjur.
Meniko bapak ibu jama’ah ingkang minulyo sekedik ingkang saget kaulo aturaken babakan keutamaan saking siyam ramadhan. Mugi-mugi siyam ingkang kito tindakaken kalandasan kanti iman lan ikhlash karanana Alloh, pinaringan kekiatan lan tansah semangat kagem nindakaken amal shalih ngantos dumuginipun ajal. Amiin
Cekap semanten, mbok bilih katah tata basa ingkang mboten pas kauolo nyuwun agenging pangaksami.


Klik Tombol Print atau Pdf untuk ambil artikel Print Friendly and PDF
KULTUM RAMADHAN BASA JAWA : KEUTAMAAN SIYAM 4.5 5 Semangat Belajar Senin, 30 Juni 2014 KEUTAMAAN SIYAM إِنّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُ...


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Copyright © Semangat Belajar. All Rights Reserved.Theme by CB Design