KULTUM RAMADHAN BASA JAWA : KEUTAMAAN WULAN RAMADHAN

 on Senin, 30 Juni 2014  



KEUTAMAAN WULAN RAMADHAN
 http://3.bp.blogspot.com/-CcaqRkJ-8k0/U7DkOej_GVI/AAAAAAAABcs/_2azcmNnH5M/s1600/selamat.png

إِنّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ  اَمَّا بَعدُ:
Jama’ah ingkang minulyo,
Kaping sepindah monggo kita tansah ngaturaken puji dalasan syukur kito dumateng ngarso dalem Alloh subhanahu wa ta’ala inggih ingkang sampun paring limpahan nikmatipun dumateng kito sedoyo sahinggo ri kalenggahan dalu puniko kito seget makempal manunggal wonten masjid ingkang kito tresnani meniko saperlu nindakaken ibadah manembah dumateng Alloh. Saking shalat isya’, shalat tarawih, saha sholat witir sarto dilajengaken pangaosan. Mugi-mugi ibadah ingkang sampun kito tindakaken meniko dipun tampi Alloh dados amalan shalih ingkang saget berataken timbangan kesaenan sak mangke ing yaumul qiyamah.
Jama’ah shalat tarawih ingkang dipun rahmati Alloh,
Alhamdulillah kito saget manggihi malih wulan ingkang kito tenggo-tenggo, wulan ingkang penuh berkah wulan ingkang dipun lipat gandakaken pahala. Wulan ramadhan wulan ingkang katah keutamanipun, ing mriki kaulo badi ngaturaken sekedik babakan keutamaan-keutamaanipun Ramadhan:
1.      Ramadhan inggih wulan dipun turunaken Al Quran. Kados firmanipun Alloh ingkang artosipun kirang langkung mekaten:
(Beberapa hari yang ditentukan itu ialah) bulan Ramadhan, bulan yang di dalamnya diturunkan (permulaan) Al Quran sebagai petunjuk bagi manusia dan penjelasan-penjelasan mengenai petunjuk itu dan pembeda (antara yang hak dan yang bathil).” QS. Al Baqarah:185
2.      Setan setan dipun belenggu, pintu-pintu neraka dipun tutup lan pintu-pintu suwargo dipun bikak nalikanipun ramadhan. Rasululloh shallallohu’alaihi wasallam paring sabda:
إِذَا جَاءَ رَمَضَانُ فُتِحَتْ أَبْوابُ الْجَنَّةِ وَ غُلِقَتْ اَبْوَابُ النَّرِ وَ صُفِّدَتِ الشَّيَاطِيْنُ
“ nalikane ramadhan pintu-pintu surge dibukak, pintu-pintu neroko ditutup, lan setan-setan dibelenggu. HR. Bukhari
3.      Saklebetipun wulan ramadhan wonten salah satunggaling malam ingkan langkung sae menawi dipun bandengaken kalian 1000 wulan.
Kados wonten ing surat Al-Qadr ayat 1-3:
4.      wulan ramadhan kalebet salah satunggaling wekdal ingkang dipun ijabahi dongo panyuwunan.
Rasululloh paring sabda:
ثَلَاثَتٌ لَا تُرَدُّ دَعْوَتُهُمْ الصَّائِمُ  حَتَّى يُفْطِرَ  وَ الإِمَامُ الْعَادِلُ وَدَعْوَةُالْمَظْلُوْمِ
Hadits riwayat At Tirmidzi meniko nedahaken bilih wonten tigang golongan ingkang mboten tertolak doa panyuwunanipun  inggih meniko tiang ingkang siyam ngantos buko, imam ingkang adil lan tiang ingkang dipun zhalimi.
Meniko sekedik ingkang saget kulo aturaken babakan keutamaanipu ramadhan, taksih katah malih ingkang mboten seget kaulo aturaken ing mriki. Mugi-mugi kito sedoyo saget nindakaken ibadah ing ramadhan tahun meniko ngantos paripurno sahinggo sakmangke seget dados pribadi ingkang langkung bertaqwa.
Damel ketupat tambahi santen
Menawi lepat kulo nyuwun pangapunten


Klik Tombol Print atau Pdf untuk ambil artikel Print Friendly and PDF

KULTUM RAMADHAN BASA JAWA : KEUTAMAAN WULAN RAMADHAN 4.5 5 Semangat Belajar Senin, 30 Juni 2014 KEUTAMAAN WULAN RAMADHAN   إِنّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُو...


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Copyright © Semangat Belajar. All Rights Reserved.Theme by CB Design